Selasa, 14 April 2015

                 

                                             DEKORASI PERNIKAHAN








                                                         Dekorasi ala pantura



                                       



                                       


Senin, 16 Maret 2015

JAMAN BRAWIJAYA

                                                     JAMAN BRAWIJAYA
            SINOM
1.      Ulun mireng cacriyosan, sang Aprabu Majapahit, Brawijaya kang wekasan, wonten santri angaturi, salin sarengat Nabi, ananging sang nata puguh, santri pundi punikka, kang munjuk sri narpati, miwah kados pundi pangandikeng nata.
 2.      Kang matur njeng sri narendra, namane dyan santri Ngali, arine nama dyan Rahmad, putrane Molana Brahim, kang ibu saking nagri, Cempa putrine sang prabu, Kiyan narendra Cempa, anggawa kadang sawiji, naking sanak nama dyan Ngalim Hurerah.
 3.      Tri santri wayah sri Kiyan, samya marang Majapahit, tuwi uwa putri Cempa, Ratumas Andarawati, garwane sri bupati, cekake basa wus cundhuk, kalangkung suka rena, sang prabu lan prameswari, sinunggata lalangen srimpi badhaya.
 4.      Ananging santri titiga, tan dadya renaming galih, ing lalangen kawiwahan, sang aprabu wus udani, semining sambaing-liring, wasana ngandika arum, eh sutengsun titiga, paran ingkang dadya kapti, payo angger sira tutura prasaja.
 5.      Aturing putra titiga, dhuh njeng uwa sri bupati, bilih keparenging karsa, mangkya njeng uwa sarimbit, anunggil kang agami, kalawan amba pukulun, mumuri Islam mulya, nabet tabek para nabi, sukci anrus karenan karana Allah.
 6.      Jroning Kitab pira-pira, pan sampun mundut ing Tapsir, agung ing dalajatira, kamulyaning para nabi, labet saking ngluluri, ageming agama luhung, marma paduka uwa, karsaa animbang budi, boten langkung sampun kirang pangaksama.
 7.      Wau ta duk amiyarsa, narendra ing Majapahit, aturing pulunanira, miteg kapeteg ing galih, mepet pet manaputi, ewuhaya rehing kayun, lamun ajeng anuta, lingsem jenenging narpati, kurang mantep  kang wus tetep tinetepan.
 8.      Dadya katangkis wacana, maring pra pulunan katri, kulup bener aturira, nanging rasane tyasmami, mengko ingsun tan apti, ngingkedi agamaningsun, ingkang wus kalampahan, linuru linuri luri, pra leluhur linuhur kaananira.
 9.      Dene kaya agamanta, ingsun pan ora manceni, papancene sowang-sowang, sawang sawunganing luwih, embuh ingkang patitis, tetese dennya mring putus, buntasing kanyataan, tata panitining pati, jer mangkono kang kinenan kuna-kuna.
 10.  Tandha wahananing ana, padha kocap jroning tulis, sida sidining Kabudan, dennira ndoning kadadin, upama sun anampik, agamane pra luluhur, ing mula mulanira, kang wus padha denranggoni, dadi mokal babakal kaliru akal.
 11.  Jujul wuwul katariwal, anungsang buwana balik, anambuhi ingkang ana, ingkang tan ana denincih, eman wus den temeni, laku kang kalakon iku, alanga tan kawilang, susulang kang wus den liling, alimana hya dadya cugeting nala.
 12.  Para pulunan titiga, legeg sakala miyarsi, panggah pungguh ingkang uwa, narendra ing Majapait, dadya ciptaning galih, pan wus karsaning Hyang Agung, beda kabudayanya, begja begjane kang lali, luwih begja kang eling lawan waspada.
 13.  Kendel ature mring uwa, angandhar-andhara ajrih, kapidahwen andedawa, kadaut datanpa kardi, rubeda ngriribeti, sumendhe rehing Hyang Agung, nanging wau kang uwa prameswari Dwarawati, sinung Islam anut agamining putra.
 14.  Pan wus manjing Islam mulya. Kawenganan iman suci, kang raka Sri Brawijaya, jumurung ingkang sudyapti, malik melik agami, yata wong agung katelu, sae di engkang uwa, Prameswari Dwarawati, dennya kesdu anuting agama Islam.
                                        

                                                     SULUK TAMBANGRARAS 
                                                            Amangkunagara III       

Dandanggula
Tatit kliweran ing nusa Jawi, pratandane ing wong nuduhna, sampurnakna agamane, yaku agama Rasul nyebarna Islam sejati, duk zaman Brawijaya, ingsun datan purun, angrasuk agama Islam, marga ingsun uninga agama niki, nlisip saking kang nyata.                                             
                                                                  Jangka Jayabaya                                              
                                                                   Ronggowarsita 

Rabu, 04 Maret 2015

DJAMAN KALA DUSTA

                                                   DJAMAN KALA DUSTA
                                                   ( Mudya Sutawidjaya )

            SINOM
1.      Ing mangke djaman durdjana, akeh djanma laku djuti, badut lanjah apus krama,
Sugih kodjah datan jekti, marga gung kang bilahi, rahaju adjudjur lebur, lir angganing
Dodosan, binuru sakehing nisip, kang satemah durdjana amanggih papa.

2.      Wus djamak sakeh sudjanma, barat angin tan sumribit, rasaning tyas tarataban, ring wengi ketir-ketir,pinda kabeler tali,perih rentjem djroning kalbu, sapari polahira, lir sumangsang luhur ori, pon-ponane gumandul tanpa tjantelan.

3.      Tumalawung suwung wungwang, tida-tida ing pambudi, anggajuh satemah tuna, jen tan gajuh nglalu jekti, pepes sedyaning kapti, sesambat angaru napung, sepi kang tetulunga, ngalor ngidul baul sami, temah sirna pangajun ajuning drija.

4.      Sasedya sedya tan dadya, ing ngungkih nora pakolih, lir sawa wasis ambegan, malolo tan mirsa djalmi, kutjem mesum kang mesthi, djroning tyas anandang rapuh, bebeg bendu tumeko, kang linakon djaman iki, lah den enggal den nuli dipun nalangsa.

5.      Jen tan pada mangkonoa, luwih abot kaki nini, wesiasating Hjang Suksma, kang sinangga sakeh djalmi, putra wajah nemahi, katut katabetan ukum, kumara dosanira, ukum renteng nenulari, tularana sumungkem marang Hjang Suksma.

6.      Kedep tesmak kadi retja, selo item datan kongkih, sabarang reh sarwa ija, lahir batin trusing ati, lire wus tanpa budi, sakajun amung miturut, sumarah rehing karsa, winudar benduning dasih, lah ingkono marmane antuk nugraha.

7.      Nugraha lijeping suksma, sumeleh osiking urip, kang karakat niring budaja, asrah pandoming dumadi, ajwa ngaleset gingsir, eneng ening djroning kalbu, kukuh pangesthinira, pinusthi esthining budi, pan winenga wenganing wiwara mulja.

SINOM
1.      Babasan kang wus kalumrah, boja ono maling mari, saora-orane ija, tjalimut iku kang pasthi, lire pakarjan iki, nora gampang jen tiniru, dustha darbeking tangga, agagaran tohing pati, nora ngandel mara tjoba lakonana.

2.      Babadutan ngandut rasa, rasa lonjot mulut ati, ati sengsem seming karsa, sumrambah djalu lan estri, manten anjar pinudji, atut runtut runtung-runtung, prija met tyasing garwa, garwa tanggap ing pakarti, datan aneh badut lan panontonira.

3.      Lanjah lesu kang sarira, wudar rum-ruming mamanis, lir madu ing ngingsep kombang, mbrengeng-ngeng mangungkih sari, sari sarira rampit, wite nurut bapa bijung, sumungkem donja baka, kinawitan asisiwi, lanjah lesu mituhu ibu lan rama.

4.      Apus krama wuwuh dadra, baji lahir mbanju mili, tumitah arebut boga, pangan-pinangan kang pasthi, mbebuwang nuli keli, mring sawah minangka rabuk, pari lemu binoga, ridjeki tjagaking urip, apus krama pangan-pinangan sudjalma.

5.      Sugih kodjah datan nyata, sakeh djalma wus nglakoni, gumaib dora sembada, mrih kadjen sameng dumadi, sarananing ngaurip, wignja sugih miwah luhur, manut kehing wewarah winuruk marsudi lantip, suthik gemang anglalu kadi punika.





6.      Selak mokal kalakona, lumuh sungkan mupus budi, jen ranti awoh semangka, gulo pait asem legi, ujah wus datan asin, kali mili nungsang gunung, destun mung ngaja wara, si werda samadya lalis, kang pinurih luhuring pribadinira.

7.      Pribadi luhuring Suksma, redjeki rubuhing kendil, tentrem susah datan boga, lah suwawi pilih pundi, dumadi temah mukti, tembe besuk sinten weruh, makartining budaja, daja wikan dunja iki, luwih betjik garubyuk ing djamanira.

             PANGKUR
1.      Sajekti tan sisip sira, rehning sami tinitah warna djalmi, beda sato kewanipun, reden gennja puputra, tuwuh rumput raga lemu nuli turu, kang pinurih dagingira, djinagal murwat kang adji.

2.      Djalma ngudja drenging karsa, bapa bijung tumindak kang tan jogi, pepesthen mring turunipun, tuwuh dadi durdjana, badut lanjah apus krama kodjah kempus, lah daweg mangga sakarsa, mumpung taksih sami urip.

3.      Uripe sapisan rusak, putra wayah tan ngaku kaki nini, lingsem kodjahing sadulur, nular temah rubeda, beda lamun sudjalma kang ambeg sadu, darapon asma rineksa, kineker budi pribadi.

4.      Luhuring budya utama, pan kinarja sangu sarating urip, lumeber mring bangsanipun, Pradja gung kang prabawa, sinujudan mring tangga mitranipun, daradjat ponang nagara, kinarja sekar palupi.

5.      Destun temah kadrawasan, de ta sira sungkan marsudi budi, budi sastra temah kethul, tjuthel tjupet ing rasa, pathi basa laraping warastra hidup, lah sira bangsa punapa, paran dene nedya luwih.

6.      Sastra rasaning sabangsa, nglilimputi ing lahir miwah batin, rumesep resmi tumuwuh, anggung djugulmu prapta, teka djudeg djebul rinasa anglalu, lumuh lungiting kang budya, budi pramananing urip.

7.      Jen bangsa ngrasuk budaja, budajaning bangsa lijan nagari, temah papa dumarundung, ndedawa kang druhaka, akarana rusak rasa djiwanipun, rusak rasa djiwa bangsa, satemah asor pinanggih.

PANGKUR
1.      Dadagang kaplengkang plengkang, nadyan bakul sami anandang rugi, paman tani wus barundul, buruh samya tangusan, pra makarja pamutune nora tjukup, papa-riman wuwuh ngrepda, keh djalma hanjade siwi.

2.      Sardjana kuntit hing djaman, dwidjawara wigar nggenja semedi, nistha nir pangestinipun, pinusthi temah papa, hesthi ning tyas budya darma dadya nguthuh, gathuk kapethuk hing rasa, Sinuksmaja nglilingsemi.

PANGKUR
1.      Kang kutha puser nagara, siti wijar warata mrabawani, madyaning kutha rawa gung hembag hembel lumpurnja, pan rineksa wanodya haju pinundjul, lukar hingkang badjunira, hing warna tuhu linuwih.

2.      Hing madya satengah rawa, wonten hondha dhuwur hamung sawidji, karjo ngungak hisinipun, kutha sadjroning rawa, wonten kajon Hasem sadjuga Gung luhur, mbajejet huwoh taru-nja, dinulu hayem respati.




3.      Sima Gembong singa-singa, kalonthongan wus kinamus ngemasi, mangulon kang hadepipun, muka ngalor nolihnja, pan hing ngarsa hingangapan Baja pingul, hambuka kang tutukhira, lir guwa mangsa kesari.

4.      Lor kulon podjok hing kutha, wonten babi babrajan sarwa mukti, saresmi putri lan kakung, pang Hasem keh wanara, pating kremil hanisili tjalukhipun, kaki tuwa nguwuh modjar, jen perlu panggiha kaki

5.      Kidul wetan podjok kutha, nini tuwa muwus sarana haris, wetan ngriku prenahipun, dalu kasaput mongsa, kakangngira kang tuduh marga neng pungkur, lah ta mara tampanana, pandjuta tjolok hing wengi.


Kidung Weda Nirwana

            KINANTI
1.      Weda nirwana tumuwuh, snawung sekar kinanthi. Weda wardinira wulang, nir ilang liring sakalir, wana alas lan panandang, wus sirna ribiting budi

2.      Tarlen meneb budinipun, djinem tumanem ing batin, tentrem kang karja tumangkar, makarti tjiptaning budi, sasmita di kang tinampa, lumantar wahjaning wangsit.

3.      Osik saking rasa hidup, mili kakalening iling, nulya budi pan anjipta, kababar sasmita djati, wangsit ing ngungset sasmita, tumutur karsaning pikir.

4.      Budi karsa pikir emut, mangripta kawruh puniki, sumeleh menebing drija, ing ngasah budi pribadi, den sareh manah jwa grangsang, satemah tamtu dumugi.

5.      Sathithik wiwit lumintu, adjeg talaten ing batin, satiti tetep tumeka, mamrih kaskarkating diri, keset sungkan lan wegahan, agawe ringkihing budi.

6.      Kawruh budi njata luhur, warisane kaki nini, akarja undaking dradjat, pradja lan bangsa pribadi, tan lija saking budaja, budi mengani wahju di.

7.      Budi ambeg rasa nguthuh, ngathik kang sarwa kalimis, maweh asor dradjatiro, nagara lan bangsa sami, marmane sing ambeg sudra, kadrawasan wajah siwi.

8.      Pedah apa duwe kawruh, jen tan kanggo ameruhi, njatakake kang sanjata, njatane kawruh puniki, akanthi diri prijangga, jen katanggor ing ngesemi.

9.      Manguk-manguk ngongak pintu, tumotos suluhing urip, rinuruh rasaning rasa, rasa warananing Widdi, Widdi kineker dening Hjang, udjawala anom respati.

            SINOM

1.      Tekaku sopo sing ngadjak, njatane ora mangerti, rumasa bae wis ora,weruh-weruh tekeng ngriki, kesah kulo gih sami, ngadjak didjak iku dudu, kula niki tan mara, uga boten den parani, sanjatane teka lunga niku pada.

2.      Rasa niku mung dolanan, rasaning rasa neng ngriki, sinurung saking sikara, lara sithik datan sudi, mundute ngadi adi, ing ngodjong miwah den ugung, karsa jen rinasakna, ing ngesthi dikongsi mentjit, karebene dadi abdi karsa rasa.

3.      Punapa betjik sumarah, sumende Hjang Hodipati, pinda sarah neng samodra, nglalu kelu linut angin, tjupet pinepet pikir, pupunton budi anggadung, djudeg dadasar kandas, badidige den tunggangi, abdi tukon purba sesa ing bandara.

4.      Jen sumarah niku salah, pinda miskin andedasih, gajuh-gajuh tamtu tuna, sabab boten nguasani, ewuh ngrika lan ngriki, kikisane mung sumaguh, saguh sanggem sumagah, tan milih ala lan betjik, kabeh iku wus dadi kudanganira.

5.      Ing ngriki apan wis ana, tembe besuk tan mangerti, tengah ngriki winaspada, winawas ingkang taliti, was tiwas bilaeni, jen ginontha temah kumprung, weruh katutup padhang, wegige kalingan wasis, wasisira katjelik nora nglegewa.

6.      Djanggeleg katon kang nyata, sanjata amada warni, nalar rasa lan pangrasa, sinengguh amadha warni, jen wara njata jekti, tatanja groboh kalangkung, langkung anggung mijagah, gumagah gumaib sisip, sisir sembir kabandjur marang djudjurang.

7.      Djurang djero kikis rasa, rasa nora bisa kardi, karjane amung sumangga, jen wus katon melok jekti, niku kula tan bangkit, ngutjap warna wudjudipun, pipindane tan ana, ja embuh iku kang pasthi, papasthene kabeh kawruh tanpa guna.

8.      Gunane rasa pangrasa, muhung ngraras aneng ngriki, ngriku niku sanes rasa, osik kalesed kinikip, kikipan Hjang Suksmadi, winatesan wengkunipun, wewenganing wewenga, wenganing wenga puniki, kinekedan jwa kongsi tumlawung marga.

9.      Marga gampang ngukut rasa, rasa lima dadi sidji, sumeleh unggjaning karsa, rasa karsa datan mili, mili osiking urip, kineker kukuh neng ngriku, ngriku kenging binuka, kengis waraning rerempit, kang pinipit liniling pada ngalela.

10.  Panjipta rasa pangrasa, semedi datanpa dadi, suksma dudu sandiwara, rawuh ora abaribin, njingide uga sami, rasa mulih nora weruh, ngungset mingset tan krasa, rinasa ingkang permati, tinitenan teka lunga niku padha.   

11.  Djiwa jatma miwah suksma, katrine amung satunggil, tinggal boja mawi nama, manggung karsa kang mastani, sinungging ing sastra di, sinusun sanjatanipun, datan warna lan rupa, rasa karsa nora mawi, rosing rasa sadjatine tanpa rasa.

12.  Mamaju ajuning gesang, rasa lalarabing urip, urip murup rasa obah, bineher jatmaning hesir, wewengan kang wigati, tjaket perak tur rinangkul, kongas uriping rasa, obah adjeg datan gingsir, rikat rindik ginanggu warasing angga.

13.  Kandaga djatining rasa,sasana telenging urip, rumahab obahing krida, kawedar dasaring osik, osik sasmita urip, tumutur mring budinipun, sir budi pan anjipta, lumantar karsaning pikir, pan binabar balabar kang pantjadrija.

14.  Djiwa djawataning gesang, perak resep rasa urip, sapisan singep warana, kekelir obahing urip, karo karongron ening, minangka wewengkunipun, osik apan sasmita, winengku lekering budi, den waspada larap luruping suksmana.

15.  Katelu rasa kang rosa, pager wadja abibiting, osik sasmita rumagang, tjinipta ginayuh esir, tumurun siring budi, karsa karep adudunung, pindha hardaning mawa, lilima murup mawerdi, dahurune karsa lima wus kadrija.

16.  Karsa karep pantjadrija, budi sasmita lan osik, urip obah tuking rasa, rasa eling miwah lali, kandel tipising ili, minangka panjuluhipun, eling lali karasa, rinasa rasaning ili, lumuh budi tan wurung kesete teko.

17.  Kabeh kakantjinging suksma, sab-saban lurubing diri, diri wadag kang katjeta, warna histha djalu estri, pantjadrija raseki, karsa kerep wadahipun, budi osik sasmita, minangka padom piranti, urip obah rasa sisingidan suksma.

18.  Teteki tumraping rasa, tapa tapaking Hjang Widdi, dudu tapaning drubiksa, angreremit raseng budi, pan nenggih tapa luwih, rila sirna tresnanipun, brastha papandang harda, suk sirna manabet budi, budi mungkur weh reseping pra sasama.   

            PANGKUR
1.      Tjaket nora rerangkulan, rina wengi tansah sanding sinanding, amung kari sadumuk, dinumuk datan kena, nanging nora benggang saking raganingsun, nglimputi djero lan djaba, djabaning rasa lan budi.

2.      Nguswa rungihing kusuma, tjaket perak boja saka ing ngiring, mundur mundur tur gegrawul, miring-miring meh kena, djinem djedjeg handjudjuk djenak katemu, tinemu temah tumanggap, gapjuk ing tjandra lan rawi.

3.      Hangrawat nora rumangsa, teka datan tumutur bibisik, begdja pundi dunungipun, meri jekti tan bisa. Djaluk kleru jen nglirwakna temah luput, puput pantog toging mara, marak raket marang diri.

4.      Dirine nora nglegewa, tumalawung gjaning wahana sepi, sepi mangisap sumusup, susupaning wewenga, kraket kumpul pupul pulet pinalulut, kawuri sagung rerasan, njatane ingkang nglakoni.

5.      Muljaning mulja tumama, hupamaning hupama hamenuhi, kukum kawasing katjakup, luwar sagung babandan, datan samar sakridaning kang kawengku, puwara datanpa pama, pamane boja neng ngriki.

6.      Mesem manis pahit kilang, ruming raras perak kang pinda ratih, sesek sinesek sakajun, juwananing ri mangsa, wonga-wonga winengkang wenes kawengku, niring rasa kang wus uwas, waspada widjiling wangsit.

7.      Jwa sulap sunaring suksma, pan rumaket rasa telenging urip, sapisan warananipun, kapindo kekelirnja, rasa osik sasmita neng budinipun, katelu lalarap karsa, karep pantja drija pikir.

8.      Ambuka wewengan jatma, tinaliti wenganing lawang katri, sapala sarananipun, ajwa gayuh lan pasrah, srah sumarah mring kang darbe pandumipun, ing ngrika sanes pikiran, ing ngriki kedah binudi.

9.      Berag mbuka kang wiwara, wenganira lawang katri neng ngriki, ngukut rasa hajwa bawur, teka nora rumasa, pan kesahe boja ngerti purugipun, suksma jatma dudu rasa, rinasa golong sawidji.

10.  Sidji kebak tri bawana, ngriki kunthing kelet tumempel siti, jen tan kongas numpes napsu, tetep kawula nistha, saru nruthuk njunjuwun sanes gustimu, suwarga den ongka-ongka, mangeran karsaning pikir.

11.  Sinengguh katemu suksma, sami warni wonten panjipta budi, sanubari sinasengguh, tjahya urip garegah, gagah wungu kukuwung wangkawanipun, rasa budi karsa bibrah mada rupa ginegegi.

12.  Lugu gampang buka lawang, ngekes rasa wangkot koloting budi, binudi sathithik tjukup, tan nganggo iki ika, pudja pudji djapa-djapu sirna kabur, primbon buku pirang krandjang kepek udjar den ugemi.

13.  Ugem gegeman kang njata, njatanira winawas raseng djati, titi tinitenan kalbu, binuka kang warana, winatesan rosing rasa neng djedjantung, djantung pasenedan djiwa, djaba djero sami ugi.

14.  Uga wengku winengkonan, wengkunira tjaket keket sumanding, sinanding patemonipun pan temu tinemonan, mobah mosih amung saking pakonipun, djiwa jatma nulting gesang, suminggah Hjang Suksma djati.

15.  Djatine amung sadjuga, djuga anggung kawawa amengkoni, tri buwana wus kakelun, jatma prabaweng suksma, mamrih gesang mring manusa neng djedjantung, djantung dununging ngagesang, gesang obah rasa osik.

16.  Jatma djiwa mung sadjuga, djiwa iku jen jatma wus makarti, karja wewengan tumuwuh, wite saking punika, nora kleru ing sapangreh pakonipun, nanging ajwa sasar marga, pantjadrija maweh djati.

17.  Djati kawruh rasa njata, njatanira manawa den kawruhi, ing ngungset telenging kalbu, linaras djroning gesang, rinumpoko ing rasa reseping idup, ening eneng margeng tunggal, nunggil Gusti wor lan dasih.

18.  Ening bening ponang tirta, eneng meneng meneb rasaning urip, anabet temah tumlawung, kawangwang tida-tida, jogyanira binudi legaweng kajun juwana wahjaning suksma, andandang wenganing kori.

DANDANGGULA
1.      Lir mangisep maduning kang sari, sinarkara manuksmaning suksma, kang kawawa mung deweke, kongas sumusuping kung, kararantan rinobah ing sih, asih malbeng wewenga, wenganing sumusup, nusup angga tan grahita, tumaruntun tinilar datan mangerti, temen tenan tan ngrasa.

2.      Raga ragas rusak ingkang diri, diri pinda galodog kewala, mulih marang ing dajane, sinusup liring kambu, satuhune boja mangerti, tinilar tawonira, temen nora weruh, weruh karasa upama, linebonan tinilar tamtu gondeli, teka lunga tan karsa.    

3.      Sumusuping Hjang Suksma sadjati, tatas angganing kang tjatur daja, katjunduk maweh gesange, wewengan wenga wungkul, pan karasa obahing urip, obah osik karasa, sadjroning djadjantung, urip obah midjil rasa, rasa mili osik tumuturing budi, osik tinampa budya.

4.      Apan osik tinampa ing budi, temah dadya sasmitaning rasa, lumantar marang wangsite, wisik sasmitaning nung, nugrahani putjuking pikir, karsa minangka buka, rasa kang rumuhun, uger uger karsa lima, maweh mungkar karsaning pantjadrijeki, tundha tundhaning rasa.

5.      Suksma jatma djiwa mung sawidji, sidji sanding uriping manusa, linarap rasa uripe, kapindo lurupipun, rasa osik sasmita budi, katelu kemul rasa, karsa pikiripun, pantjadrija lire karsa, karja weruh kahanane donja iki, sidji-sidjining warna.

6.      Rasa lima kinukut sawidji, sidji manjing angganireng karsa, osik sinusup uripe, urip pengkuh neng ngriku, osik ajwa mili mring budi, osik klesete wedda, temah tumalawung, tumalawung atida tida, adedasar sareh ruruh ngarah ririh, perak nuli kabuka.

7.      Wenganira wewengan sumanding, sanding pada sewang sinawangan, ngalela pada hadjenggleh, djenggleh djaba djero sung, asung wudjud ajwa ginigit, gineget sasar marga, marga iku mengku, kerem marang wuwudjudan, wudjudira sinengguh amada warni, warna rasa pangrasa.

8.      Suksma iku dudu rasa jekti, jekti rasa ngrasa sami rupa, kang gawe lan gawejane, satemah sasar susur, susur wigar rasaning pathi, pathok watesing rasa, rasa djroning djantung, tan bisa dedel mring suksma, pinda dluwang benang tjinantjang daridji, djati manut anginnja,

9.      Njatanira rasa tanpa kardi, datan bisa mangreh marang suksma, ngutjap bae boja tejeng, bangkitnja rut tinurut, bangun turut sasami sami, sami jatma lan djiwa, jatma suksma agung, hanggung rasa lan pangrasa, ngrasa lamun daja dinajanan jekti, liru lambang kewala.

10.  Marma rasa pangrasa puniki, pakarjane neng kene kewala, ing ngrika dede butuhe, muhung wengku winengku, wengkunira djait djinait, djiniwit djuwet kena, kena jen wus wanuh, wanuh djumbuh kang kulina, kulinakna sijang pantara ratri,  hatul titi tinitenan.

11.  Kang kawasa manuksma sakalir, suksma njata kebak tri buwana, neng djagat kawawa dhewe, njawa njaweng tumuwuh, witing gesang saking puniki, djroning djantung njenetnja, djiwa njatanipun, mamaju hajuning gesang, sung wewengan pan iku lawanging urip, widjang widjiling djarwa.

12.  Pangekese rasa den taliti, titi patitis tetep tumika, kang temenan pamanthenge, ngradjut rasa sawegung, ajwa kengguh gingsiring budi, binudi kongsi tjetha, tjetha dunungipun, dununge kang pantha-pantha, panthanira sawidji-widji ajwa tjitjir, wus tan was kene kana.

13.  Djiwa jatma suksma iku nunggil, tunggal gampang meleng ngratjut rasa, rasa urip lan obahe, kutut neng djro djedjantung, djantung gulung rasa sakalir, luluh lir tan grahita, wengku watonipun, pinda benang ing ikalan, tumpes tapis wewengan djiwa mengani, tjaket tekeng nirwana.

14.  Pengukute rasa jwa nabeti, katabetan hantjurireng rasa, satemah mamindo gawe, gawejaning raseku, karja keket rasaning urip, urip raga mjang djiwa, djiwa nunggal wudjud, djinudjud jwa ngandut rasa, rasa resah bilaheni djiwa djati, djati wus tanpa rasa

15.  Marmanira sathithik njukupi, amarwasa numpes ingkang rasa, kasrah kang kawawa kuwe, ngratjut rasa sawegung, gunging rasa apan neng ngriki, ngriki sanes ing ngrika, ngrika embuh-embuh, embuh tan samar marwasa, winasesa sihing agal miwah rempit, pinet widjiling sastra.

MIDJIL
1.      Rinarepi rarasing kang tulis, sastra rasaning wong, gawang-gawang tjetha tjethek weleh wenteh lulut lulungiting urip, rinukti piningit wewerit wineruh.

2.      Weruh djumbuh tan mawi ling-aling, kang kalingan uwong, wewenga raseng djedjantunge, unggjanira sakarongroningsih, sih sinisihaning sih, dasih lan Hjang agung.

3.      Hanggugubel pepuletan kadi, djanget kinarongron, djati djuga loro kalamare, jen wudara temah tanpa dadi, pulih duk ing nguni, mula bukanipun.

4.      Purwanira prabaweng suksma di, jatma djiwaning wong, kele’t keket ke’ke’t lan anggane angga pinda gesang neng donjeki, temah tamtu dadi, balegering wudjud.

5.      Wudjudira wawadahing urip, urip nitih uwong, djiwa jatma binopong uripe, djanma urip jatma mung sadarmi, rineh Hjang suksma di, kadi paminipun.

6.      Pama jatma rumaketing urip, lumimput hanggeng wong, linimputan ing rasa pulute, nunggal titik duk bareng dumadi, djaba djero sami, sami rila gapyuk.

7.      Gapjukira drenging karsa kalih, rila raseng uwong, rasa rila rapuh katresnane, luluh pinda kintiring djaladri, nglangut tanpa tepi, tan njana tjumunduk.

8.      Tjundukira jatma miwah urip, kasmaran raseng wong mring kang maweh lalakon djatine, djatinira nora warna kalih, sidji duk ing nguni, mor misah ing semu.

9.      Apan amung pribadinireki, tan ana lijan wong, kang wus nunggal tunggil pribadine, dinaduwen duwe dinuweni, djatine pribadi, uger djedjeripun.

10.  Kinulina ngunset mangsah sepi, sepi rasaning wong, kongsi kawong wawuh pribadine, rila sirna katresnaning diri, jwa pegat ri ratri, tlaten tapa hatul.

11.  Hatul tuman rinaras nglam-lami, limut reming raos, kang karseng neng rasa djatine, djati djugo sotyaning hanggeki, nunggal tunggal widji, sedje wangunipun.

12.  Wangunira beda-beda jekti, lanang wadon uwong, mung sadjuga sadjagat djatine, ingkang murba sakehing dumadi, djalu estri sami, sami sedyanipun.

13.  Sedyanira urip arep mulih, mulih wurung uwong, jatma djiwa pisan lan hanggane, pupungkasan urip prapteng lalis, lalis unggyan urip, sasaneng langgeng gung.

14.  Lulus langgeng jatma datan ngalih, bagagag neng enggon, enggon djagat rinoban deweke, ingkang ngalih raganira iki, malih mula sami, lir sekar agambuh.

GAMBUH
1.      Marmane marek djumbuh, djumbuh weruh kasunjatanipun, sinartanan pramana wening ing Widdi, Widdi nora loro telu, sadjuga pribadining ngong.

2.      Lekase saka hatul, hatul tuman kulina ngasamun, samun semi suminggah ing ala betjik, budi nora nandang ukum, wenganing wewengan growong.

3.      Lire anandang hukum, mripat kuping irung ilatipun, sirna rasa budi panabeting urip, nora susah gojah-gajuh, sadjatine mong kinemong.

4.      Sarawung rasa samun, maweh urip iku rasa hidup, datan krasa pinda lekasing kang guling, galijer pinda binandul, alah ora djebul jektos.

5.      Jekti tjaket sadumuk, djagat iki aneng ngarsaningsun, nora gede amung sakalenthing warih, tan ana pantjer lor kidul, wetan kulon amung ing ngong,

6.      Surja tjandra wus samun, kartika mjang samudajanipun, padang peteng iku kabeh tan ngundili, sor daja prabawaningsun, kalindih pribadiningong.

7.      Ngarep mburi wus djumbuh, kiwa tengen miwah ngisor duwur, kabeh iku rinobah pramaning kami, kami sakehing tumuwuh, tuwuh sing pribadiningong.

8.      Ikita dudu kawruh, kasunjatan iku tegesipun, njatanira saiki bisa ngitjipi, nora susah besuk besuk, jen purun tamtu kalakon.

9.      Rasa kawruh tan petjus, geseh karo kasunjatanipun, apan amung birahi borehing urip, jen demen anggilut kawruh, katjelik njatane linjok.

10.  Rasa kerep malintjur, sungkan njata karem marang kawruh, kawruh iku minangka dalan ridjeki, begdja ingkang wegig kawruh, kasmaran kang maksih lengong.

ASMARADANA
1.      Kasmaran kang wus manunggil, manunggal kang dadi ika, sing pramana grahitane, winahja dening Hjang suksma, pratanda wus sadjiwa, waskitha eling lumintu, renasuk ing saben dina.

2.      Kengis warananing djati, tumanggap tangkep sadjiwa, tjarem nora mindo gawe, binuka nugraheng djalma, sirna sakeh warana, tentrem nora sigan sigun, ning antareng kene kana.

3.      Warek luwe bungah sedih, seger lupa waras lara, arip nora krasa kabeh, padang peteng datan ana, tan bisa sumundula, sor daya prabawaningsun, eseme manajut drija.

4.      Nora ana aran pati, urip langgeng salaminja, raga kena sinelehake, rasa sandangan kewala, uripe nora lunga, bagegeg athenguk-thenguk, raga rasa kang pralaja.

5.      Angga benggang lawan bumi, djinundjung datan rekasa, kadya kapuk salambane, pinda mengajam gegana, neng luhuring bantala, nanging sikil ngambah lebu, sinajut dajaning suksma.

6.      Wus lumrah sakehing ngurip, iku lalakon kewala, jekti nora gumunake, sugih miskin iku pada, mung angepe si rasa, waskithane angguguju, angguguk sinamudana.

7.      Mudyantara nama alit Sutawidjaya ran tuwa nunggak semi mring kakekne , mangripta ngrakit kidungan, rinengga pangrumpaka, berat drenging budinipun, manungku marang Hjang Suksma.